Minggu, 07 April 2013

Ngoreksi Nilai Rapot

Senin, 8 April 2013 jam 12.00 WIB wali kelas IX padha ngoreksi print out input data nilai rapot kelas IX. Setengah jam wis daklakoni, jebul ndadekake mata kremun-kremun...

Bapak Fauzan Perajin Kain ATBM Ambokembang

SMP Negeri 1 Kedungwuni wiwit dina senen nganti Kemis, tanggal 8 - 11 April 2013 nganakake Try Out UN kaping telu. Try Out UN kapindho sing nganakake Dindikbud Kabupaten Pekalongan. Nalika tanggal 25 - 28 Maret 2013 siswa padha nggarap soal Ujian sekolah. Ana siswa sing absen amarga lara types yaiku Muhammad Rofiq (9A), Jihan Rizkiana (9A), Mei Vera Andhani (9D), lan Muhammad Irman Mafaza (9E). Siswa mau banjur nglakoni US Susulan ing minggu candhake.
Nalika aku nunggoni Muhammad Irman Mafaza (9E) nggarap soal US ing omahe, aku entuk pengalaman kang anyar yaiku bisa ndelok proses tenun ATBM Tradisional kang manual dikerjakake manungsa.
Bapak Fauzan yuswane kira-kira 55 taun. Kegiyatane Bapak Fauzan saben dinane mung gawe tenun ATBM. Ing Desa Ambokembang gang 8, mung dheweke sing dadi perajin kain ATBM. Manut critane, tenun iki biyene -watara taun 1960- minangka pangupajiwane masyarakat Kelurahan Pekajangan. Amarga kedheseg tenun masinal watara taun pitung puluhan, tenun ATBM banjur surut. Alat tenun kang wis puluhan taun dadi home industrine wong Pekajangan gunggunge wiwit suda amarga didol menyang Pemalang. Penduduk Pekajangan wusanane ngalih dadi buruh pabrik tenun ing wilayah Pekajangan, Buaran, lan Wonopringgo.
Rasa kangene masyarakat marang sarung ATBM ing akhir-akhir iki saya bergairah. Sanajan regane larang, kain saruyng iki nduweni nilai gengsi kanggo sawetara wong sing tansah njaga gengsi lan "tidak mau mati gaya". Pemasok kain tenun ATBM ing pasaran, saiki didominasi saka perajin tenun saka Pemalang. Sugeng makarya para mitra ing Pemalang. Muga-muga kanthi tenun ATBM Panjenengan bisa mundhut sawah, gawe omah kang megah, tindak haji ing Mekah al mukaromah, lan barokah kanggo nikelale kabecikan ibadah marang manungsa lan Allah. 

Jumat, 05 April 2013

Kangen Blog

Kesibukan kerja kang numpuk undhung njalari aku lali nulis ing blog. Sepanjang taun,-wiwit PPDB nganti Ujian Nasional- mesthi kapacak dadi panitia. Urusane panitia iku nyiyapake wiwit saka pra, proses, nganti pasca kegiatan. Uthek-ubleng mung ngurusi piye carane pegaweyan beres lan sukses. Dongaku muga awak iki kaparingan kesehatan. Kangenku nulis ing blog iki dakwiwiti maneh, dina Setu, 6 April 2013 jam 13.30 WIB. Muga bisa dadi sarana reftreshingku.

Selasa, 03 Januari 2012

Glonggong

Novel Glonggong anggitane Junaedi Setiyono dosen Bahasa Inggris Universitas Muhammadiyah Purworejo. Pemenang Sayembara Novel 2006, penerbit PT Serambi Ilmu Semesta.
Paraga utama yaiku Glonggong. Sesingklon mau dipasake karo keahlian si paraga utama mainake "glolggong" (gagang godhong kates).
Novel kanthi setting perang Jawa (java oorlog) Perang Pangeran Diponegoro nglawan kumpeni Walanda ing tanggal 25 Juni 1825 nganti 28 Maret 1830, sawijining crita kang enak diwaca. Basane komunikatif kanthi alur kang tinata rapi. Penyajian adegan critane runtut banget.
Ringkese mangkene. Glonggong iku wiwit cilik wis ora ketemu karo bapake amarga bapake "ilang" nalika melu pemberontakan kang dipimpin dening raden Rangga nglawan Walanda. Sawise diwasa Glonggong kasil nemokake sareane bapake kang asmane.....,

Kamis, 22 Desember 2011

Hikmah Tamba Ati


Ngancik umurku sing 41 taun, aku nembe ngerti makna tembang “Tamba Ati” sing wiwit cilik daktembangake minangka pujian sadurunge solat jamaah.
Tamba ati iku lima ing wernane. Maca Quran kudu ngerti ing maknane. Kapindhone weteng kudu kang luwe, ping telune dzikir wengi ingkang suwe. Ping papate wong soleh kumpulana, ping limane solat wengi lakonana. Salah sijine sapa bisa anglakoni, insya Allah Gusti Allah nyembadani.
“Tembung nyembadani ngemu teges nyukupi”, ngendikane pak kyai nalika tauziyah.
Mburu cukup. Iku kang dadi gegayuhane manungsa umume. Paribasan sikil kanggo sirah, sirah kanggo sikil. Sapa cepet bakal keduman. Ora obah ora olah-olah. Ngupaya upa terkadhang direwangi nglirwakake memitran. Kabeh mau kanggo ngupaya butuh sing saya dina sangsaya tambah.
Kecukupan butuhe manungsa ateges gawe ayem. Pranyata nggayuh ayeme ati ora kudu plesir nganti ngentekake ragad kang akeh. Ayem cukup meyakini lan nglakoni tamba ati, samampune.
Janji Allah iku ora luput –kanggone sing yakin-.
Juni 2011 aku ngecakake tamba ati –weteng kudu kang luwe-. Pasa sunah Senin-Kemis wiwit daklakoni. Sinambi nglatih sabar lan ikhlas pasa mau wis dakrasakake hikmahe kang luar biasa. Kapisan, ing donyaning sesrawungan karo kanca. Gusti ora sare. Iku sing dakugemi. Tegese Allah pirsa sing bener lan luput. Alhamdulillah aku bisa uwal saka polahe wong kang nedya gawe kuceme nama. Kapindho –dina Kemis, 22 Desember 2011- aku sakaluwarga kaslametake saka tragedi rem blong sepedha motor Vario ing tlatah Tersono Batang. Sawise nglewati puluhan kilometer dalan kang tansah nrunjung mudhun saka Bawang tekan Tersono, -rem blong-. Erame maneh seket meter saka kedaden rem blong, aku nemokake bengkel kang sumadiya kampas rem kanggo ngganti kampas rem rodha ngarep sing wis tipis. Ya Allah Alhamdulillah…. kula sampun kaparingan slamet.
Manah kula tambah yakin ya Allah.

Minggu, 30 Mei 2010

MAGHRIB

Wayah surup, adzan maghrib wis kumandang ing langgar lan mesjid. Bocah sing sakawit padha playon ing ratan, padha mlayu mulih golek simboke dhewe-dhewe saperlu solat menyang mesjid lan langgar

Kamis, 20 Mei 2010

LUWEH

Tembung ing dhuwur tegese padha karo "mbuh sakarepe ora perduli". Tembung kang meh padha yaiku -luwih-, kang tegese saya akeh, (lebih -basa Indonesia-). Pola pikir luweh wis dakduweni sakawit urip ing perumahan, saengga informasi apa bae sing wis kedaden telung wulan kepungkur nembe dakngerten. Pancen bisa dikandhakake kuper tenan. Lha piye yen ora diunekake kuper wong saben dina anane mung mangakt kerja, bali istirahat. Yen wektu lega ya mung kanggo maca lan dolan-dolan karo anak bojo. Sok kadhang lembur nganti sore. Ngenani bab lembur bisa genti-genten karo bojo. Sok-sok bareng lembur ing sekolahane dhewe-dhewe. Dina Minggu utawa libur dina Nasional biasane kanggo silaturahmi sowan wong tuwa utawa sedulur Kendal. Yen menyang Kendal mesthi kudu nyempatake nyekar sareane suwargi Simbok Suyeg Bin Martosentiko lan Bapak Karyo Sukar Bin Adam.
Nyumurupi kegiatan kang mangkono mau mokal yen aku sakaluwarga ngerti informasi lingkungane dhewe. Luweh.... Yen diterusake ya ora apik, nanging kepriye maneh wis kentekan wektu kanggo mlebar menyang tangga teparo. Kanggo nyalurake kebutuhan srawung, sesasi pisan aku nganakake pertemuan kanthi setting "Paguyuban Keluarga Sejahtera". Basa gampange -arisan bergilir-. Ya saka media iki aku bisa guyon karo kanca-kanca sing anggotane mung wong pitu. Saben sasi tanggal 2, aku sakanca ngentekake wengi nganti jam setengah rolas ngobrol ngalor-ngidul karo ngluberake rasa kangen sajroning sesasi ora ketemu. Anggotane arisan ya tangga saperumahan beda-beda RT.
Saking biasane urip luweh, aku malah krasa nyaman. Ora perlu ngerti thek kliwere tangga apa dene owah-owahane pola hidup kaluwarga liyane. Wis pokoke luweh. Perkembangan uripku ya mung manut apa anane, ora ngaya saanane sacukupe. Yen ora cukup? Ya golek utangan. Gampang ta? Lho, entuk utangan kuwi mungguhe aku ya rejeki. Durung mesthi nemu utangan sanajan karo sedulure dhewe lan kanca kenthel.
Saliyane luweh, uripku niru filsafat lakune banyu. Sifat kapilaritas banyu bisa diartekake golek prestasi kang luwih dhuwur. Prestasi iku maknane amba. Bisa prestasi kerja, tambah ilmu, tambah pasrawungan, tambah penghasilan, tambah kanca, lan tambah-tambah liyane. Iline banyu uga golek dalan kang gampang. Banyu ora bakal mili menyang panggonan kang luwih dhuwur -kajaba dipompa-. Saka sifat mangkono iku bisa diterjemahake manawa urip iku kudu manut kemampuan. Ngerti lan kenal marang awake dhewe iku kang kudu dibudi daya murih uripe dhewe ora kangelan. Sok kadhang merga kepenging nggayuh samubarang kang ora jumbuh karo kemampuane dhewe wekasane banjur jugar, bubar, bubrah ora nggenah. Apa maneh yen mung nuruti nepsu -jaim; jaga image-, ya rasakna, bakale njur kangelan sateruse.
Umurku kang ngancik telung puluh wolu taun, urip bebojoan karo Sulami wis limalas taun. Anakku sing gedhe jenenge Tantyo Ary Yuwono kang lair ing Kendal, 27 Januari 1995. Anak kapindho daktengeri Indah Fitria Rismala lair ing Pekalongan, 28 April 2001. Kang pungkasan Reksa Setiaji lair ing Pekalongan, 1 Nopember 2007. Bayen kang pungkasan iki sing ndadekake bojoku kapok nglairake amarga proses kelairane rumit, ruwet, lan menegangkan. Wekasane banjur operasi cecar lan steril sisan.
Saiki uripku mung nglakoni lan nampa apa sing diparingake Gusti kanthi sabar lan ikhlas. Lha yen diparingi sing ora kepenak apa ya njur arep demo. Terus demo karo Gusti iku kantore ngendi? Hayo....? Yen kepengin mundhak kelase ya kudu gelem diuji, ngono ngendikane pak kyai.