Kamis, 20 Mei 2010

AJAR KOMPUTER

Taun Pelajaran 2009/2010 aku dipercaya dadi urusan kurikulum ing SMP 1 Kedungwuni. Pekerjaan awal yaiku gawe jadwal pelajaran sacara manual. Kabantu dening Bapak Drs. Iman Eko, aku nyoba ngisi kothak-kothak kosong kang gunggunge manawa kaetung : (cacah pelajaran per minggu -38- X jumlah kelas). Dina Setu aku miwiti entuk arahan prinsip gawe jadwal saka seniorku - Pak Eko-. Malem minggu aku nglembur nganti jam loro bengi. Minggu esuk bar subuh nganti sore wis dadi kanthi kesel pikiran kang luar biasa amarga jadwal kudu launcing Senin esuk. Kanggo nyegerake pikiran aku ngajak bojo mlaku-mlaku menyang pantai. Ing kono aku mung ngglethak sinambi ngrungokake swarane ombak lan sumilire angin. Jam setengah sepuluh bengi aku bali amarga pikiran iki wis katon adhem. Atiku wis ora kemrungsung jalaran jadwal wis dadi. Kamangka pekerjaan iki sing dadi tolok ukur gaweane urusan kurikulum. Syukur alhamdulillah dene Gusti paring pitulungan, paring kuwarasan lan pikiran kaang tenang saengga gaweanku bisa rampung.
Senin esuk mbok menawa kanca-kancaku wis padha nunggu kepriye mungguh gaweane urusan kurikulum sing anyar. Kanti PD jadwal sementara dakpasang. Kanggo ngawekani yen ana jadwal sing bentrok, jadwal sementara mung kanggo sawetara wektu telung dina -Senin nganti Rebo-. Minangka seniorku, Pak Eko banjur naliti jadwal sing dakgawe mau. Tenan, ing kana-kene akeh jadwal sing bentrok. Pirang-pirang kasus sing kasil ditemokake; ana guru sing mulang bareng sajroning wektu kang padha. Ana uga guru sing kurang jam. Wah, pikiran tambah buneg. Stip stadler bola-bali kanggo mbusek tulisan sing salah. Kanthi tlaten Pak Eko paring sabiyantu murih jadwal pelajaean dadi fix.
Dina Selasa esuk, jadwal pelajaran wis fix lan siap tayang kanggo dina Kemis lan sateruse sajroning semester gasal tahun pelajaran 2009/2010. Atiku bungah, kaya bocah kang mentas dipundhutake tlembungan dening ibune.
Pekerjaan bacute yaiku gawe SK PBM tahun 2009/2010. Aku rumangsa -WO- yen kongkon Mbak Widahlia -Ka TU SMP 1 Kedungwuni. Iki kang dadi kawitane aku kudu sinau ngetik nganggo komputer. Langkah awal yaiku ngopy data kegiatan kurikulum taun wingi tinggalane Mas Khanafi sing wis pindhah tugas diangkat CPNS ing SMP 3 Doro. Kanggo nyimpen data mau aku banjur tuku flash disk 2 giga lan bon laptop sekolah sasuwene aku njabat urusan kurikulum.
Petualangan komputer nembe kawiwitan. Sumber pitakonku Pak Asmawi, Pak Eko, lan sapa bae sing dakanggep duwe kapinteran komputer.
Pungkasane aku saiki wis bisa ngoperasekake komputer, gawe jadwal nganggo time table, gawe kartu peserta UAS nganggo mail maerge, gawe raport, lan ajar gawe blog. Malah saiki uga wis kasil nduweni laptop najan nganggo dhuwit utang.

1 komentar:

  1. Wah jan apik tenan lo Blog iki.....
    nguri-uri boso jowo, kudu dadi media lan perangkat sinau panjenengan dewe ugo murid e. Koyo kolom nang Suara Merdeka sing nganggo khas boso Kalongan malah wis dadi panguripan e Mbak Iyeng Santoso lewat Warung Megono ne....

    BalasHapus