Maca cerkak basa jawa iku asyik banget. Iku pangucape wong sing ora kangelan "memahami" tembung-tembung basa Jawa. Nanging iku tantangan kanggone sing kepengin sinau basa Jawa. Kegemaran maca cerkak -majalah Panjebar Semangat- pancen ndadekake kangen nunggu edisi minggu candhake. Rasane wis lega yen bar maca. Ibarate kaya wong bar mangan sawise keluwen. Jan nyamleng tenan. Apa maneh yen maca cerkak anggitane "Mbah Brintik". Basane ringan lan nggemesake. Wah, pengarang siji iki kok ya wasis tenan ngrakit tembung. Kapan ya aku bisa miwiti gawe cerkak sekelas Mbah Brintik? Iku cita-citaku.....................................
Mahami kata Jawa be bingung kok arep maca sadawan-dawan cerkak, apa lagi langganan majalah, ya puyeng deh....
BalasHapus